B. Daerah

Pertanyaan

tolong buatin percakapan 4 orang pakai bahasa jawa (nggak harus bahasa krama)

1 Jawaban

  • Andre : Sugeng sonten budhe , Mira wonten?
    Budhe : oo.. Mirane lagi maem , ana apa ndre? ndengaren dolan mrene.
    Andre : Niki badhe nyuwun tulung gambarke pesawat, tirose Mira pinter nggambar
    Budhe : "Ra,, Mira , golek'i Andre iki".. (bengak bengok ngundang Mira)
    Mira : Dalem , Budhe . nggih sekedap.

    (Mira metu)

    Mira : Piye ndre ? Ana apa?
    Andre : Aku arep njaluk tulung gawekna gambar pesawat kanggo adiku
    Mira : Oh iyo ndre, wis nggowo kertas gambare durung?
    Andre : Durung Mir, sek tak tuku ing warung sebelah yo

    (Ing Warung)

    Andre : Tumbas.. tumbass
    Om Basuki : Tumbas apa le?
    Andre : Tumbas kertas gambar om.
    Om Basuki : pira?
    Andre : setunggal pinten om?
    Om Basuki : 500 rupiah
    Andre : nggih pun tumbas 2 om

    (Andre banjur bali ana ing omahe Mira)

    Andre : Iki Mir kertase 
    Mira : O ha'a ndre , sek ya tak gambarke

    -- Sekitar 10 menit Andre ngenteni, akhire gambar pesawate wis dadi --

    Mira : Iki ndre gambare wis dadi 
    Andre : maturnuwun banget yo Mir . Maape yen ngrepoti
    Mira : iya, Orapopo Ndre. senajan menungsa iku luwih becik yen saling titulungan..

    - Andre banjur bali ana omahe -

Pertanyaan Lainnya